Senin, 12 September 2011

Wanyad 3

10. DIDAKWA
WANYAD: "Wong dong lagi dugal pancen laka tunggale yah BAN..",
DALBAN: "Sing dugal sapa NYAD?!",
WANYAD: "Enyong..!! miki ning pasarenyong ngoncogi wong dagang sempak nganggo cengkrong.. nrokcoka si LUPIT didakwa nyolongsempak.. ya tak obrak-abrik oh..nganti wong se pasar pd gila mlayu kabeh.. eh jebule si DARKONAH karo LUPIT nyusul.. jare LUPITe..Pa sing ndakwa enyong nyolong kuwe dudu wong dodol sempak tapi wong sing dodol opakPa.."
11. MLESDAK
WANYAD: "Nyong jengkel nemen kr DARKONAH his BAN",
DALBAN: "Jengkel pime NYAD..?!",
WANYAD: "Dobol ka.. genah minggu2kiye awake enyong lagi blih penak.. si DARKONAH njaluk bae..saben njaluk mesti nyong belih kuwat suwe..lah ka ngomonge enak ora.. halah dasar pe*i edan ora bisa dejak kerja sama blas.. ya nyong jengkel yah.. lg bengi njaluk maning langsung pucuke dekene nyong tak taleni karet gelang.. nganti mlesdak BAN ora metu2.."
12. SOLIKIN
DARKONAH: "KANG dongen sing arane SOLIKIN SOLIKIN kuwe apa sihKANG.. sing bisa nggo nggedekna susu..",
WANYAD; "SOLIKIN?!.. SOLIKIN-ne sapa DAR?",
DARKONAH: "Kae loh KANG sing disuntikna nang s*su eben bisa gede..",
WANYAD: "Kuwe tah dudu SOLIKIN oh goblog.. kuwe arane SILIKON..",
DARKONAH: "Iya kuwe maksude KANG.. mengko dong ana duwit sus*ne enyong disuntik nganggo SOLIKIN yah KANG.."
13. KORUPSI
DALBAN: "Jare kowen pime NYAD masalah korupsi ning negara kiye..",
WANYAD: "Lah ari kaya aku tah suka meneng BAN.. lah kabeh wong tah lugune pada bae.. gari2 ana kesempatan apa ora.. lah wong2 sing saiki pada korupsi nang sing gemiyen pada gemboranganyang korupsi gayang korupsi oh belih.. barang deweke wis padanjagong olih korsi.. ya korupsi2 juga..malah luwih gede..pakra ora ka.."
14. DOLANAN UYUH
DARKONAH : "Juwet nemen nyong karo KANG WANYAD his Yu KAS..",
KASMI; "Nang apa sih DAR?",
DARKONAH: "Tangi angger durung jam rolas ya ora gelem tangi.. pime rejekine ora dirayah kancane..gelem tangi pisan kala ora langsung adus toli sag seg nyambet gawe..ndotor disit karo kito2 nang emper mburi..toli mengko senenge nggawek gunung2an sing wedi..bar kuwe mengko gunung2ane duyuhi karo ndodok.. cuurrrrr.. bar kuwe dicuil-cuil..monine candi Borobudur..sih pibe..sedina2 hobine mung ky kuwe tok..pime urip ora tekor"
15. PAMER BARANG
DARKONAH: "Nyong ka juwet nemenkr Kang WANYAD his Yu KAS",
KASMI; "Nang apa sih DAR",
DARKONAH: "Balik sing pasar.. ana bocah wadon lima ngarepe umah lg cekakak cekikik kr lodad lodod..barang weruh nyong langsung pd mlayu..nyong penasaran belih.. barang tekan umah..eeehh nrokcok.. Kang WANYAD lg turu nang dipan ngarep sarunge nglentab ora katokan.. langsung tak cepret nganggo karet gelang belih.. cepret.. kaget njimprak ora kira2..puas ladas.."
16. TABRAKAN
DALBAN; "Nang apa NYAD daning..pit'e dituntun kr peleke mlentong kaya kuwe",
WANYAD: "Dobolka si KARIM buta ijo",
DALBAN: "KARIM sing matane mencilak karo kedeng NYAD?",
WANYAD: "Iya.. wong papagan nangpertelon.. enyong belih ngarti Si KARIM pan mlegok ngiwa yah..wongmatane be nglirike menengen..ya enyong ngartine deweke pan nengen oh..begitu enyong ngiwa breett belih...dobol gara2 matane ora kompak dadi peleke nyong mlentong kaya kiye.."

2 komentar: