Selasa, 14 Desember 2010

ceritane WANYAD karo DARKONAH

BALADA WANYAD DAN DARKONAH II

oleh Husni Bupati B G pada 07 Oktober 2010 jam 12:25
  1. ‎"NYAD kayong lagi mriyang apa yah ndase daning dicekeli bae..","iya BAN enyong lagi mumet nemen kiye..awake ya nggreges nemen ky kiye..aduh duh duh..egh egh egh..","Dih daning melas temen ky kuwe NYAD yuh tak tulungi tak ater maring dokter ya..eben cepet mari..","belih susah BAN ari kowen bener pan nulungi enyong blih ...susah maring dokter..talangi bae enyong duwit 600 ewu BAN nggo setor motor..nyong mriyang mikiri kuwe"
  2. "Nyad, kira2 koen pan milih bupati-ne sapa NYAD..lanang apa wadon?","enyong tah sapa bae sg dadi ora masalah BAN anggere gelem ngopeni "bal-balan" alias trenjek..gyeh potensi BREBES kwe asline ora kalah kr daerah liyane..delengna bcah KLAMPOK kaeh angger bal-balan giringane ora kalah kr bangsane PONARYO ASTAMAN..gari2... BUPATI-ne bae bsa ngopeni apa ora..wis pokoke angger laka MoU pan ngopeni PERSAB aja dicoblos titik
  3. DARKONAH: "Dih KANG, nyong wedi meteng maning sung KANG..nyong kan kening darah tinggi wedi mbokan mengko dong babaran nyong pendarahan...enake mlebu KB bae yah KANG eben ora meteng..", WANYAD "Jare sapa angger mlebu KABEH ora bisa meteng...lah lagi kae tak lebokna KABEH sa endog-endoge maksa bae meteng.
  4. CARIK: "NYAD kepriben kiye Pajeg PBB-ne kowen daning wis pirang2 tahun ora dibayar..enyong sg belih kepenak bolak-balik digayami CAMATE bae, kaeh wargane kowen sg arane WANYAD daning ora mbayar2 PBB pengin tak urak2 apa yah", WANYAD: "Hei, PAK CARIK..tolong omongna CAMATE ya..tembe dadi CAMAT be wis gagahan..emange kiye lemah dekene sapa sih..RIKA ngarti ora GUSTI ALLAH sing duwe lemah be ora tau narik pajeg NGARTI!"
  5. KYAI:"NYAD kowen bar balik endi olih-olihe?, angger nggawa bawang kaeh mana NYAINE dibagi nggo masak..", WANYAD: "Klalen Pak Kyai..nyong ora nggawa apa2..","eh kepriben sih kowen aja goroh karo nyong ya diblajari ngaji ka goroh..kuwe sg ning sarung apa dicekeli kuwe nang lonjoran bodin oh ya mana NYAINE cepet dinein.."...,"Eh kiye Pak Kyai..kye tah p*li oh Pak Kyai.. piben NYAINE pan dinein?","SIKAH!!..Bangset gyeh!!"
  6. TIKA: "Bu guru mane nyong bisa meteng maning belih bu guru?","mamane umur pira sih nok tika?","umur 40 bu..","eh ya megin bisa yah..","angger yune nyong sih bu?","yune umur pira nok?","18 bu..","ya kuwe tah wis bisa..","angger nyong sih bu guru?","angger nok tika ya durunglah tembe 9 th durung mens"..sing mburi FADIL nonggong ndase TIKA.."kweh nyong sih ngomong apa, raimu ora usah kwatir gen.."
  7. DASRI: "WAD, bisane kowen saiki sombong nemen sih WAD...ora kemutan gemiyen...senenge ngemeg2 karo ngambungi enyong ning wc-ne sekolahan..barang saiki gaya disapa be mlegos.." TARWAD: "Hei, siapa eluh...loken nyong napsu karo raine kowen sing kaya cuntang...amit2...mending nyong dolanan karo sabun daripada ngemeg2 raimu, blekutak!! (terinspirasi dr FADIL vs TIKA)
  8. WANYAD: "Pit, kowen ari ngomong sg jelas gen dikongkon tuku rokok ka olihe plembungan kepriben sih dongen" DARKONAH "wis aja digayami KANG..pancen bocah ngomonge durung tata.." WANYAD "ora bisa bocah kaya kiye kudu diajar eben ngomonge tata eben gedene bisa dadi uwong", DARKONAH: "belih susah KANG..jare sapa belih bisa... dadi uwong..kaeh deleng ketua MPR nganti tuwa be ngomonge belih tata.."
  9. ‎"NYAD kira-kira KAPOLRI sg anyar menurute kowen sg paling sip sapa yah?","jare aku tah sapa bae NYAD..sing penting bisa mimpin POLRI kedepan kuwe luwih apik maning..bisa ngawasi anak buahe eben ora pada korupsi, toli sg arane penyidik kuwe aja kejem2 lah aja pada gelem disogok..polantas juga aja pd doyan ngesak duwit.....toli kiye sg penting rekening gendut POLRI kudu diungkap tuntas eben adil.."
  10. ‎"DAR,..kowen angger ndelengna si AFGAN lagi nembang, kira2 bisa memper nyong lagi nom belih ya DAR?","Iya yah KANG, daning bisa persis nemen kaya kuwe..persis KANG persis..bedane mung siji..","apa kuwe DAR bedane?","angger AFGAN dekoke ning pipi, tp angger rika dekoke kuwe ning bokong..","SIKAH!.. angger mempere sih ning endine DAR?","mempere ya ning bokong KANG pada bae beyak tengahe.."
  11. ‎"NYAD kening apa daning ngegang kr sarungan ky kwe toli kuwene dicekeli kning apa?","hessss..aduh duh4x.. nyong pan maring dokter BAN","lah emange kning apa kuwene","nrokcokka ka DARKONAH..wong nyong lg enak2 nglamun udud kr nongkrong ng WC ujug2 ka lawange dideblag bae kr DARKONAH, ya nyong kaget mumbul oh, lah kiyene... nyong kepedek sikile enyong dewek..nyong njempling2x belih..DARKONAH langsung tak kampad jebred.."
  12. TARWAD:"dih miki nyong isin nemen",LUPIT:"isin kepriben WAD?","nyong tas diaruh2i..miki nyong lg mring toilet mbuka lawang weruh guru kesenian lg salin clana senam,nyong gongkon metu pdhl ws katon bokonge","dih untung temen WAD..nyong dwek ngindik sg arane BU NUNING guru kesenian nembang kwe saprene drg kena2","iya ari... Bu NUNING kwe tah karuan putih mulus, kye miki Pa Slamet guru kesenian nggambar sg bewoke ngglabed"
  13. Brott..Brott..Brott..PENGUNJUNG RUSMEN: Hei dobol.. belih ngarti akeh wong pada mangan apa yah! duwe adab belih sih.." DARKONAH: KANG rika aja kaya kuwe oh, aja padakna karo ning umah..kiye rusmen -rumah makan padang-" WANYAD: "tenang DAR..wong gari nyedot be kakeyan cocot..wong nang kudune paham oh, wong pada bae duwe... silite..angger musuh sambel ijo ya mesti kaya kiye..huah huah huah.."
  14. Priittt..POLISI: "selamat siang..kowen tak tilang..ndi SIM kr STNK-ne" WANYAD: "dih enyong salah apa Pak daning ditilang..?","Salah apa?! kowen ngarti belih pengendara kuwe kewajibane apa, HELM..HELM-me endi, HELM kuwe hukume wajib ngarti?!..","gyeh Pak, rika aja ngotot kaya kuwe..wis belih bener ngotot maning..sg darani wajib kuwe, kuwe kaya sembayang, puasa, zakat kuwe tembe wajib..HELM wajib kepriben dongen..?!"
  15. WANYAD: "SO!..BAKSO!. tuku SO..SO..BAKSO..budeg gyeh..nyong tuku..SO..eh nrokcok blih gelem mandeg..asu gyeh tak pleter ngkoh.., BAKSO..Budeg!", TKG BAKSO:"Aduh! daning rika ujug2 nonggong nyong MAS ana apa?","ana apa2x raimu plecehan kr nyong yah,kowen ngarti blih sg nguasai dalan kene sapa?..diundang2 meneng bae, nyong pan tuku baksone raimu SU!","BAKSO? rika ciplose belih maca nyong dagang apa?, BUBUR AYAM paham?"
  16. ‎"DAR minggu ngarep maring Jakartane sida numpak sepur belih?..","Wis belih sida bae lah KANG nyong wedi?","His wedi pimen jare pan nonton PSSI lawan URUGUAY ning senayan..","nyong wedi KANG numpak sepur mbokan MASINISE matane tomprong maning..genah lampune lagi abang diterjang bae..ya bokonge sepure kancane mblesek oh ...penumpange pd mecetet..gara2 masinis tomprong.."
  17. ‎"kiye malam minggu yah DAR?","iyah KANG emange keprimen?","kelingan gemiyen yah DAR, nyong ngapeli kowen nganggo mobil dinese bapane nyong..","pancen rika tah dadi wong ora tau umum, senenge gawe isine wong tok..","lah isin kepriben DAR?","yah sanajan mobil dinese bapane ya umume sedan atawa kijang..lah rika nggawa nyong muter2 nganggone mobil "SEDOT TINJA"..parkir ng baksonan ya sg pd tuku mutah kabeh oh.."
  18. ‎"esuk2 tangi ka bisa laka godogan apa2..pisang2 goreng mbuh apa..pimen sih DAR?!..endi kopine, dadi bojo ganing wis mrehal ora tertib kaya kuwe pengin tak pecat apa yah..DAR krungu belih hei!","ana apa sih KANG tangi turu gemboran kaya wong edan..","ana apa-ana apa, endi kopine esuk2 tangi turu angger durung ngopi kayong ora mangseg..aorr..","esuk?!, rika nglindur apa yah kye wis jam telu sore..."
  19. Brag 4x "KANG!!, cepet dih KANG gentenan oh.. nyong wis mules nemen kyeh..ora kanti nemen sung..wis mucuk gari protte tok","Engko gen DAR ah! geger bae sih..belih ngarti wong lagi rileks apa yah! gyeh udud samsu be durung enteng ka..ari wis ora kanti ya jeprotna bae ng comberan ndisit ya kena oh..","dih lah ngko dong ...ana wong sg weruh kepriben","barang ana sg weruh ya amal wong barang rongsokan be ka..","SIKAH!"
  20. "sg endi bae KANG, bengi ora balik dning sikile ndregdeg ky kwe","duh DAR..aja ktemu2 mning lah, hiii..","kning apa sih KANG","Brengsek si DALBAN ka..jam 1 bengi tak goleti ng mushola biasane ng kono..lah ng njero nyong wruh prangasa lg turu kr tutupan jarit tak obrag2 ka meneng bae..akhire listrike tak sipet aku turu ...ng iringane,esuk2 subuh nyong dibugah jebule sg turu kwe mayid korban misterius sg lg dititipna, mangkane lagi bengi lagi krasa atis tak kekepi ana apa.."
  21. ‎"Kening apa Kang daning mecucu kaya kuwe..","nrokcok ka si DALBAN, DAR..","kening apa sih KANG?","lah nyong di sms gongkon nggawa gobang, talenan karo karung.. jarene pan mayoran daging.. ya nyong langsung ngenceg belih?..barang tekan kana nyong takon endi weduse ?!..lah ka nyong digesrakna ning pintu air tolih ditodokna batang asu sing wis mlembung..dobol..dobol.."
  22. ‎"BAN enyong bener2 eram his wong2 ka pd salah kaprah yah","slh kaprah kepriban NYAD?","lah iya sg darani jilbab kwe anggepane wong2 sg nggo nutupi rambut..pdhl kuwe arane kerudung lan rambut kuwe aurat kecil..sdgkan jilbab kwe artine baju longgar nggo nutupi dada sg dadi aurat gede..lah saiki wong2 wadon jarene tah nganggo jilbab..merga rambute pada dikudungi..tapi sg arane susu kuwe pd tumplek merga klambine nglapet"
  23. ‎"DAR, kowen ngarti belih kiye malam jum'at..","iya ngerti emange pan apa?!","gyeh ajarane kanjeng nabi kuwe angger malam jum'at kuwe ana ibadah kanggone wong sg bebojon..sg kocape sunah rosul..","iya KANG paham","ya wis oh ari wis ngarti hayuh oh DAR!","ya ngarti sih ngarti tp sg wingi malam sabtu, senen, selasa karo kemis kuwe arane apa?! ketambahan awane maning..loken seminggu pan ping enem..regreg oh enyonge.."
  24. WANYAD: "Dih DAR, kowen tak jak nonton pilem 17 tahun ke atas daning kayong glasahan bae kaya kuwe...njagonge maning-maning obah, maning-maning obah ....sanajan kiye ning SUBUR, ari pan njaluk ya aja ning kene oh....ngko malah dadi totonane wong-wong....", DARKONAH : "Sing pengin njaluk kuwe sapa!!, enak bae...genah pancen korsine isine "tinggi" kaya kiye ari nyokot bokong kayong gatele nganti tekan silit nemen..."
  25. WANYAD : "Mbak..mbak...mbak cantik deh..., aslinya mana Mbak?", si- MBAK: "Aku dari Surabaya Mas..","oh...boleh kenalan nggak Mbak, Mbak namanya siapa sih..?","JIHAN Mas...","Oh.. ya ampun namanya kok cantik sekali yah... secantik orangnya gituh....kalo boleh tahu nama lengkapnya siapa Mbak..?","nama lengkapnya JIHANCO...K luh Mas..."
  26. DALBAN: "NYAD, raimu jaman wis milenium ka udud megin DJAYA bae...kaeh kanca2ne wis mundak ng MILD, SAMSU apa SUPER..", WANYAD: "eh raimu belih ngarti sejarahe yah,gyeh nyong ngakali DARKONAH lewat jasane MBAH SAJIM ya nganggone DJAYA.., tak sebul ning raine waktu ana tontonan.., toli kiye sg penting rahasiane..dong bengi DARKONAH belih gelem tak tumpaki ari lambene nyong durung mambu DJAYA..ngarti kowen?!"
  27. ‎"KANG... !!", "Apa DAR..!!", "mene gen..!!","Ana apa sih..?!","gyeh delengna ning njerone lemari gyeh...cawete nyong bisa krowak kabeh, digrogoti curut...",''ih loken...?!","klambi sing liyane sih DAR ?","angger sing liyane tah langka KANG....","terus sing bolong mbang endi-ne DAR..?","pas ning tengah2-e KANG..","eh nrokcok....curut be ngarti tempat sing kepenak yah...."

1 komentar: