Jumat, 17 Desember 2010

1. KORAHANE BUMBU
 WANYAD: "Dar3x..kiye teh cap apa sih! rasane ng ilat bisa getas temen kaya kiye dih! toli dideleg ka ning gulu rasane bisa kaya kebakar nemen kaya kiye..hoakk..bjuh bjuh..",
DARKONAH: "bayu sg endi KANG?",
WANYAD: "sing endi sing endi kiye sing ning rantang",
DARKONAH: "sing ning rantang? kwe tah dudu banyu teh oh KANG.. makane aja janji nguyup.. kuwe damare disuled disit gen..genah banyu korahane layah bar gawe bumbu dokon ng rantang bisane monine teh"

2. MAKMUM BUDEG
WANYAD: "BAN miki nyong sembayang magrib nang langgar ngempet pan gemuyu..",
DALBAN: "sih bisane BAN..",
WANYAD: "Kowen ngarti si KARMIN budeg?..
DALBAN "ngarti.. kning apa sih?",
WANYAD: "Lah iya sembayang jamaah ning iringane nyong si KARMIN budeg.. sing kupinge isine jalawatu tok..wong genah2 imame maca alfatehe durung tutug tekan waladholin tembeke shirotol mustaqim eh si KARMIN wis njawab AMIN dewekan nganti rosa nemen..ya nyong ngempet pan gemuyu oh"

3. DUWIT GADE
WANYAD: "Nyong miki tas digrombyang DARKONAH saporete BAN..dikruwes-kruwes ndase nyong",
DALBAN: "Lah kening apa sih NYAD?",
WANYAD: "Lah iya apes pokoke bener2 apes.. ning wis umah  laka duwit saperak-perak acan.. nyong dikongkon gade anting2 rong gram ning pegadean.. ning prapatan subur wong ndas lg mumet ya nyong belok kanan bae ya.. akhire ditilang oh.. kena nganti rong atus seket ewu BAN.. ya gade anting2 mung nggo bayar tilang tok oh.."

4. KALPANAX
DARKONAH: "Kang sing arane KALPANAK kuwe obat apa sih KANG?",
WANYAD: "Kening apa sih DAR?",
DARKONAH: "Gaeh si Lupit njerit2 miki matane tas klilipen.. tak damoni ora metu2 akhire tak pupuhi oh.. tapi bisane ireng2 matane ka malah dadi ilang dadine malah putih kabeh KANG",
WANYAD: "nganggone apa DAR..",
DARKONAH: "Kiye anggo KALPANAK..KANG",
WANYAD: "Goblog kowen.."

5. NAMBANI KESURUPAN
DALBAN: "Sing endi NYAD?",
WANYAD: "tas mono BAN disambat si Mumun..",
DALBAN: "Sih disambat apa?!",
WANYAD: "Anake kesurupan..",
DALBAN: "Eh iya NYAD .. si YANTO?.. kowen bisa.. toli mari belih?",
WANYAD: "ya mari yah!",
DALBAN: "Dih daning hebat temen kowen NYAD..dapakna?",
WANYAD:"Halah kuwe tah gampang.. toil pancene dasare apen2 thok ka BAN.. karo matane mendelik2 .. dumanen njaluk motor ora dituruti.. nyong ya paham.. b...arang pan tak jejeli tembelek ampun-ampunan..monine apen2"

6. TOBAT
BEJO:"Pak Kyai nyong pengin ngomong karo panjenengan nyong kiye lugune pengin nglakoni sembayang, puasa lan syare'at2 islam liyane.. tapi ya kuwe mau nyong kiye durung bisa ninggalna mendem karo nlembuk..menurute panjenengan enyong kudu pimen?"
KYAI:"oh.. kuwe tah gampang oh.. wis sing penting kowen kudu dadi wong jujur bae wis..",
BEJO:"Dih lah kaya kuwe thok Pak Kyai, kuwe tah gampang eles oh..ya wis tak lakoni.."

7. KAYA BLATUNG
 ‎WANYAD: "Dar Dar daning raimu durung dapak-apakna wis cebrik kaya kiye..",
DARKONAH: "pimen ora cebrik wong nyong lagi mens",
WANYAD: "dilah bisane raimu sing mau ora ngomong sih DAR..",
DARKONAH: "ora ngomong kepriben.. wong nyong sing sore wis gembar-gembor  lampu merah teka lampu merah teka ka.., rikane bae sing kaya blatung sakale matane merem tapi tangan krogetan bae nggoleti pentil.."

8. PROTES KARO MENTERI  
‎WANYAD: "BAN.. mene gen kowen ngarti ora carane protes karo menteri pendidikan kuwe pimen?",
DALBAN: "dih lah nyong ya ora ngarti yah! pimen sih NYAD",
WANYAD: "Lah iya.. loken ana soal soal ujian FUNGSI OTONOMI DAERAH kuwe apa.. kuwe ditakokna maring bocah kelas papat SD BAN sih pimen.. ya ngablu oh ya.. kuwe digawe menungsa kaplak tua normal... be nang ora bisa njawab oh.. apa maning kaya si Lupit.. gebleg ah kurikulum saiki"

9. NGUYUH NING DALAN    
‎WANYAD: "BAN nyong miki isin sung karo rombongane bocah2 wadon2",
DALBAN: "Sih kening apa NYAD?",
WANYAD: "mau lg sore nyong mlaku2 ng dalan kr DAKRUN, ujug2 nyong kebelet nguyuh..akhire tak planturna bae ng BAN'e trek sg lg mandeg.. lah si DAKRUN ora gelem nonggoni nganclang bae.. ya nyong gemboran oh..lg gemboran mrg DAKRUN ujug2 trek'e jalan..ya sing ning lor'e dalan bocah2 wadon sing pada ngadeg pd njerit oh karo nutupi matane..malah ana sing gemboran Uuum daning cilik yah!"

10. KARCIS CIREX
WANYAD: "Mbak karcis cirek jurusan Brebes sg executip..pira?",
PETUGAS LOKET GAMBIR: "Rp. 105 ribu Mas",
WANYAD: "Dih lah daning regane semelet temen Mbak..wong biasane be 85 ewu ka..aja mbati oh Mbak ah",
PETUGAS LOKET GAMBIR: "Mas besok hari libur jadi naik",
WANYAD: "Eh Mbak sing ngarani sekiki libur kwe sapa.. nyong tah laka dina gabug oh Mbak.. sabtu ya dilawani kedampalan luruh pangan..emange PNS.. wis lah mene belih sida numpak DEWI SRI toli genah

11.NGIDONI POLISI
DALBAN: ''kning apa NYAD, kayong lg sewot'',
WANYAD: ''pimen ora sewot BAN ..wong mung gara 2 nampek lemud be nyong ditilang'',
DALBAN: ''ditilang polisi? sih bisane nganti kaya kuwe kepimen critane ?'',
WANYAD: ''wong nyong lg numpak motor enak2 ka ujug2 ana lemud nampek rai mlebu cungure nyong ya nyong glokeran yah...nyong idu byuh ngiring tengen blih weruh ana polisi nyimpangi nyong ya bonggane sapa raine kena idune nyong oh ya''

12.  ‎MOKONDO
WANYAD: "Dih kaya kiye temen rasane yah wong belih duwe duwit!",
DARKONAH: "Kening apa sih KANG nggremeng bae..wis ana ya dipangan langka ya mingkem",
WANYAD: "Dih kowen dadi bojo ka laka2 his DAR bisa nrimakna nemen",
DARKONAH: "Sih pan pimen maning KANG..angger nuruti penghasilane rika nang nyong klenger sewu oh..gajih ora duwe udude kudune nyanding..wislah ...ora usah dipikir..sing penting barange rika negin bisa ngadeg be nang aku wis bombong oh kena nggo ato-ato"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar