Jumat, 17 Desember 2010

5.     ‎WANYAD : "Kowen dikongkon ngeroki kepriben sih DAR, belih abang belih acan kaya kiye.. kepiben angin'e pan metu..",
DARKONAH : "Semono ora abang sih abange sepira KANG..",
WANYAD : "Gyeh buktine ning ndas megin2 kliyeng2 nemen kaya kiye.. berarti angine megin mulek ngarti!",
DARKONAH: "Pancen dasar rika tah kulit-kulit terpal ya.. kudune tah ndeyan ngeroke nganggo sekop KANG..",
WANYAD : "Brisik ah dikongkon ngerok ka malah ngodor.. jejeli gagange uyuh toli ladas"

6.     WANYAD: "sanajan raine kowen burak rantak kaya codot,... sanajan raine kowen rodal-radil kaya klambi sing kening banyu aki... tapi nyong tetep demen..."
DARKONAH: "Sapa KANG!",
WANYAD : "Ora kiye nyong lg blajar maca puisi jarene kudu karo penjiwaan..",
DARKONAH : "ya kudune karo mbayangna..eben mresep",
WANYAD : "justru kuwe DAR nyong disambi mbayangna kowen..", "Sikah.. nyong danggep codot KANG!"

7.     DARKONAH :"Koran awit esuk diwolak-diwalik bakute belih bosen KANG?britane durung rampung?",
WANYAD : "Brisik kowen DAR ah.. blih ngarti wong lanang lg luruh lowongan apa yah?",
DARKONAH: "Lowongan apa KANG, ijasah be gableg ora",
WANYAD : "Sikah kowen aja ngece DAR.. gyeh enyong miki wis ditawani lurahe gongkon melu ujian persamaan kejar Paket B.. njagani sewaktu2 pemerintah buka lowongan CPNS..nyong pan daftar ng bagian sg teles kaya GAYUS.. "

8.     ‎DARKONAH : "KANG rika pimen sih jemuahan daning nganggo sandale selen..",
WANYAD: "Kowen belih ngarti yah DAR.. masjid ning kono tah bocahe nrokcok2.. jemuah wingi nyong anggo carvil anyar barang balik keri ka sandale ngeclap...olihe ya turahan kaya kiye... kiye nyong pan balas dendam.. pan tak balakna ...sandal selen kiye..begitu IMAME engko salam nyong pan langsung mencolot balik karo pan disit-disitan luruh CARVIL..."

9.     DALBAN: "Tangane kening apa NYAD?",
WANYAD: "Dicokot curut... BAN","Bisane NYAD...?","Kiye gara2 DARKONAH...njaluk dijukutna kutang ning njerone lemari..",
DALBAN: "terus..",
WANYAD: "tak boak-boak langka kabeh... barang ndeleng mengisor ana radan dawa nglawer prangasa ya tali kutange DARKONAH tak dudud bae... jebule ka buntute wirog lagi umpetan ...ya langsung krakut bae oh.. nyong njempling2.. langsung tak sotna.."

10.     WANYAD: "BAN utang duwite ndes",
DALBAN: "Pan nggo apa NYAD?",
WANYAD: "Pan nggo ndadani motore GAWIR",
DALBAN"Lah kening apa sih",
WANYAD: "Kye gara2 si DAKRUN..ngejak nonton ENCLE ng SIBAJAG BANGSRI..sedawane dalan nyong lg nyetir direwodi bae..geger weruh wong wadon njiplong ng sawah ya nyong nglinguk yah lah ka barang madep ngarep ujug2 ana kebo liwat ya nyong banting ngiwa oh.. motor nggesrak nabrak leneng nyong kr DAKRUN njengkangkang ng galengan"

11.     TARWAD: "Nyong ka jeleh nemen sung angger BU WARNITI lagi mulang Pit, wis galake por.. ari mbiji nyong senenge sangisore lima.. piben nyong pan seneng matematika.. pambelih temen ka mau tak kerjani dadi ora sida mulang.. ",
LUPIT: "sih dikerjani keprimen WAD..",
TARWAD:"Kowen nang ngarti oh ya BU WARNITI penyakite bengek..","iya terus..","Ning ...lorogane meja guru tak dokoni karbit.. nyegrak2 kowen.. tak deleng wahin terus nganti meled-meled"

12.     LUPIT: "WAD kowen disetrap BP maning?",
TARWAD: "embuhlah arane be wong lg apes",
LUPIT: "Dudu apes WAD wong dasare kowen bae sg kebangeten", TARWAD: "kebangeten pimen.. genah kuwe gara2 sg liyane apen2 pulpene pd ditibakna..lah nyong kan melu2 pengin weruh cawete si MARYANA bocah pindahan sg anyar..apese pas ng enyong kae'ne gemboran..","lah bisane ...gemboran WAD","lah pulpene nyong tibane pas ng sepatune ya pertela nemen..cawete warnane KORPRI"

13. WANYAD: "WAD tumben mangkate esuk2 kuwe nang sekolane durung buka oh.."
TARWAD: "Ora ka WA uwis..",
WANYAD: "Dih kayong sregep temen WAD.. ",
TARWAD: "pan testing ka WA..",
WANYAD: "emange testinge esuk2 WAD?",
TARWAD: "Lah rika kayong belih tau sekolah bae takone werna2.. ya luruh bangku yah.. posisi menentukan prestasi.. paham WA?"

14. LUPIT: "WAD wingi surat peringatan sg BP wis didekena Bapane kowen?",
TARWAD: "Emohlah geleman temen dibebodo BP..dekena Bapane nyong nang pada bae bunuh diri oh..",
LUPIT: "Lah terus sing pan maring BP sapa wong kuwe wong tuwane pancen kudu teka",
TARWAD: "Nyong ngongkon Man DARUM PiT, sg sering gresek ning pasar bawang tak kongkon dadi bapane nyong tak upahi mang ewu",
LUPIT: "Sikah Man DARUM tah seradan kenthire oh",
TARWAD: "Eben ka.. ben BP-ne melu2 kenthir"

15. DARKONAH: "Pimen sih Pit, wis kaplaka menek wit kresem nganti tiba kaya kuwe..",
LUPIT : Aduh Ma.. lara Ma.. aja diganyami bae oh Ma..",
DARKONAH: "Lah kowen toli bedug2 penekan kresem pan apa..",
LUPIT: "wong kiye gara2 TARWAD ka Ma.. wong nyong sing menek ngakali layangan.. barang wis kecandak pan mudun uwite dilepeti tai.. ya nyong pan mudun keder oh.. barang mencolot layangane ucul dirayah TARWAD Ma.."

16. WANYAD: "DAR nyong ngger raine ditambai bewok jare kowen kira2 tambah gagah belih DAR.. ben bisa kaya cuk noris",
DARKONAH: "dih njelehi temen KANG lah.. wis belih susah.. bati keri..toli cuk noris kwe sapa KANG?",
WANYAD: "Halah kowen kiye dadi wong terbelakang.. pengetahuanne cetek.. ya kaeh oh bintang pilem holiwud",
DARKONAH: "wis pokoke belih susah KANG digawe kumis mung telung ler be ari ngambung nganti nyacag cungur nggawe nyegrak apa maning bewok"

1 komentar:

  1. Ceria internet.......unlimited, tidak dibatasi kuota,...kecepatan oke...!!......ayo guru guru, pegawai kelurahan, atau para pengusaha kecil dan menegah..(tidak untuk pengangguran.. he he he )...... barangkali ada yang butuh koneksi internet, pake CERIA INTERNET saja,....gak usah beli modem.....modem akan di pinjemi dari PT Sampoerna telecom.....setoran hanya 110000 /bulan........kalo anda berminat bisa hub..ROYAL CELL alamat depan pasar cigedog kersana brebes

    BalasHapus