Selasa, 14 Desember 2010

BALADA WANYAD karo DARKONAH

  1. DARKONAH : "KANG!.....kyeh sing ngising ora disiram sapa!, gyeh aja ngerjani nyong gen.....mana banyu kolahe entek maning....dih njejeni nemen ah huwekk huwekkk huwekkk.." WANYAD: "Raimu gemboran apa sih DAR!!...wong paling2 karo kaya kuwe be wedi....gari diremed be nang ambrol oh... wah!!..."
  2. Petugas Loket Biaskop:"Mas bisane wis ping 3 bolak balik nonton pilem kwe bae sih?", WANYAD:"Dih nyong pnasaran nemen ka yah","pnasaran kepiben?","Lah pas waktu ndeleng ng gambar ana wong wadon ayu lg adus ng kali, lah pas lagi pan mlosnongna cawete ka ujug2 ana sepur liwat,ya blih sida katon oh","trus bisane nganti ping 3?","ya msalahe nonton sg ke-2 sepure megin liwat sih..muga2 sg ke-3 kye sepure ora liwat maning"
  3. "KANG nyong mangkat maring ARAB ya..ngasab dadi TKW..","Eits..ora bisa..ora bisa..kowen belih ngarti wong arab kuwe kolon2..kowen pengin kaya bojone si TARJUKI..balik2 wetenge mlentis anake rambute kriwil..cungure mancung?","ya wis rika be sing mangkat oh..","Dih Dar2..wong numpak motore be nyong nggesrak gongkon nyupir ng kana..","ya wis mrg malaysia ya kena wis ning kebon karet..","Apa Dar?..Malaysia?..Nehiii.."
  4. ‎"KANG karaoke yuh! gyeh lagune oma irama gyeh kr rita sg judule malam terakhir..","ya wis oh DAR kowen disit sg nembang..","okeh KANG..malam ini..malam terakhir bg kita..untuk mencurahkan..rasa rindu di dada..","he he he..","his daning guyu KANG..?","ora ndelengna kowen nyekel mic bisa kaya iis dahlia..","eh iya KANG.....?", "iya sar ser.. bedane mung iis dahlia kuwe kumisen ari kowen kuwe jenggoten.."
  5. ‎"BAN, nyong ka sedih nemen his, bisane HUDSON sing gugur yah ning INDONESIA MENCARI BAKAT, kandegene kae wong2 sing pating glotak kae lolos..","lah kuwe kan merga sms oh NYAD dadi angger masyarakate peduli yah menang..eh dadi kowen jagoane HUDSON.. NYAD?","iya BAN nyong ka melas nemen karo si HUDSON..dadi wong ka bergijilane mung siji thok.."
  6. WANYAD: "BAN jare kowen sg nggarakna gili sedawane pantura kwe rusak bebeg kwe merga kening apa BAN?!","ya merga trek gede bangsane tronton kr gandengan toli bis2 pd liwat oh NYAD","Ya salah..justru sg nggawe rusak kwe bangsane sedan kaya mercy karo BMW","kowen bakute pikirane nang endi kae tah mobil cilik oh enteng!",..."gyeh ngarti ora kowen?! duwit 100 sing nggo gawe dalan disudat dadi 60, sing 40 nggo tuku sedan.."
  7. DALBAN: "NYAD..mengko dong ana pilihan Bupati terus tim suksese nein duwit seket ewu-nan karo kaos kuwe enakke ditrima apa ora yah NYAD...?!", WANYAD: gyeh kuwe arane rejeki BAN trima bae...tapi mengko dong pas wayahe pemilihan belih susah ditoblos atawa dicontreng...PERCUMA!!!"
  8. DALBAN: "NYAD, bisane raimu betem nemen ky kwe?","Bagregka..kowen aja kanda2 ya","ng apa sih?","nyong bar ditempelingi SATPAM supermarket","lah kowen nyolong?","ora ky kye critane ng tmpt dodolan klambi2 kan ana patung loro lg jejer..zung patung ka bs ayune ky luna maya..sanajan nyong ora rasan asline patunge ya ora papa wis..tak remed2 bokonge..lah ka njerit..jebule kwe wong temenan lg ngadeg ng iringane patung"
  9. WANYAD: "BAN nyong ka eram nemen sung.." DALBAN: "eram kepriben NYAD?!","Ya eramlah bisane balapan F.1 Indonesia kuwe ora bisa melu acan2 laka wakile..","Lah kowen piben, prangasane dadi pembalap kuwe gampang disamping medek pedal perlu strategi karo keberanian,.","dih ari perkara bandel-bandelan tah Indonesia ora kurang oh!, kaeh delengna supir LURAGUNG, supir LORENA, supir BINNEKA edan2nan BAN..sumaker?!,.lewat.."
  10. WANYAD:"BAN nyong lg keder nemen gyeh motore nyong ilang", DALBAN: "His sg bener, toli wis lapor polisi?","justru kwe nyong wedi kr DARKONAH","bisane wedi?","critane nyong ng dalan ktm wong wadon ayu nemen njaluk mbonceng brg liwat kuburan njaluk liren, mudun toli nggandeng nyong,wuda BAN nyong gongkon ngenyot..lah ujug2 esuk2 nyong dibugah wong trs motore ilang","lah susune ana biuse?","iya, piben nyong pan lapor"
  11. WANYAD: "Heh Dar, kowen angger nganggo clana aja nglapet nemen2 kaya kuwe nganti cawete ngecap ngisin-ngisina", DARKONAH: "lah justru kudune rika nang bangga oh KANG nyong katon sexi kaya kiye..","ya ari karuan sexi tah belih papa bisa tak kriditna...wong raimu tak dekena gratisan nggo mayorane tukang becak be masa gelema belih tukang becake..","sikah! dasar wong lanang edan.."..krotakkk...
  12. DARKONAH: "KANG, cepet aterna nyong maring pasar, aja turu bae..", WANYAD: "wis mana gen numpak becak bae lah belih ngarti nyong bengi tas begadang karo DALBAN mbahas Brebes Gemuyu pan tak dadekna partai?!"...
  13. DARKONAH: "KANG nyong tokokna kacamata ya kena oh..nggo nganjingna benang ning dom pan dondom kayong wis angel nemen gyeh..belih manjing-manjing..", WANYAD: "Wis belih usah..giliran nganjingna dom lah geger, angger duwit tah awas snajan tak selagna ning njerone kaos kaki ya matane tetep pendirangan bisa weruh bae.."
  14. WANYAD : "DAR, kowen ari tak sawang2 tambah tuwa tambah ayu his DAR...", DARKONAH "prangasane nyong seneng rika ngomong kaya kuwe?...saiki tah laka barang ayu KANG, sing penting rika ora nglorodi duwite jatahe nyong sing bocah nggo pasang kopyokan be nyong wis seneng...rika ngomong kaya kuwe nang pan nglelesi duwite jatahe nyong sing bocah oh ya pan nggo pasang kopyokan..wis tak benahi rapet KANG.."
  15. WANYAD: "BAN kowen ngarti ora?..14 samudra angger didadekna mangsi kwe ora bakal bisa nulis ilmu-ne Gusti Allah sg tersirat", DALBAN: "Lah angger sg ng Qur'an sih kepribe mangsine ora tekan semono oh","Oh angger sg ng Qur'an kwe sg tersurat BAN","Mangkane kowen kwe kudu pinter2 maca, ng endi2 kwe mesti ana Gusti Allah.....","Dih daning koen saiki bs ngomong ky kwe sih NYAD?","ora miki nyong lubar melu pengajian tasawuf"
  16. ‎"BAN..","Apa NYAD?","nrokcok ka..","kening apa?","wingi nyong ktemu wg wadon ayu numpake sedan jarene tah sglanange lg brlayar..ngejak aku mrg mall trs bar kwe nyong jejak mrg umahe dilebokna ng kamare toli nyong dikongkon udar2 klambi","trus NYAD?","trus wg wadon ayu kwe poyan metu disit","trus?..terus2..”,”lah nyonge ya... siap2 oh, jebule ka mlebu kr nggawa anake toli ngomonge ANDI ini contoh orang yg nggak mau makan"
  17. Ng POLSEK..WANYAD: "Lapor PAK, nyong bar nyekel wong mencurigakan gyeh..nyong curiga kr menungsa kwe nggawane karung..nyong kwatir mbokan sg ky ng tipi2..bedogan sg doyan nyolongi bocah..mau sedurunge tak gebugi ndisit PAK nganti klenger..POLISI:  Ndi wonge?!, "Gyeh PAK"..POLISINE KAGET :Hei NYAD..raimu sembarangan yah!!...nrokcok yah..kowen ngarti ora kwe sapa?!","emange sapa PAK?","Kuwe KOMANDAN SERSE sg lagi nyamar.."
  18. WANYAD : "BAN, nyong ka eram his..", DALBAN: "kening apa sih NYAD..","Lah iya wong ora pada duwe kemampuan memimpin pan pada ngajokna dadi pemimpin..modale mung onjo-onjonan duwit tok..bagjane sa suara gelem dituku 50 ewu karo dinein kaos..ya barang dadi mbadogi apa ora oh..", "His, tapi akeh sg nganti rong periode ka ...NYAD..", "Justru kuwe BAN.. periode pertama mimpin, periode kedua ngringkel ning jogan teles.."
  19. WANYAD: "BAN artis2 sg asale Brebes kuwe sapa bae?", DALBAN: "ari nyong belih salah kuwe..MIRNAWATI, SANTI SARTIKA, TITIK SANDORA, AYU SORAYA, LEO WALDI, MIEKE WIDJAYA, alm. CHOLIK..","ana siji maning oh BAN..","sapa NYAD?","SOPIA LATJUBA","His sg bener bae ngomong ka ngacapara?","eh ora percaya..SOPIA LATJUBA kuwe bekase wong mbutik kesuwen nglemprak kaeh delengna ng tipi ari ngomong monine kacangku rasa bawang"
  20. WANYAD: "DAR...!!", DARKONAH: "iya..!!, ana apa sih KANG gemboran bae kaya melenge..","gyeh bisane dekene nyong saiki malah dadi benyek kaya kiye..","lah emange kening apa?","kening apa.. kening apa..kyeh gara2 raimu ngumbai sempak ora bersih dadi gatele nemen..akhire tak uwuri parem herocin sing ng mangkok oh..","Rika... bae sg ciplose belih ngarti genah kuwe ragi sing nggo gawe tape darani herocin, pimen dongen.."
  21. DARKONAH: "KANG dadi wong aja kaku nemen2 gen, sing lemes...dadine wong sing enak2 bae...aja delat2 petentengan... delat2 petentengan..", WANYAD: "Raimu ngomong apa!!...justru dong nyong ora kaku nang ora bisa mlebu oh...gongkon nyong sing lemes, nang kowene kroangan bae oh...monine ora enak ora acan..."
  22. DARKONAH: "Kang, kiye ana atusan ewu lima ning ngisore tumpukane klambi duwit apa KANG?" WANYAD: "E e h, pancen raimu cungure bisa kaya anjing pelacak yah, ora kena mambu duwit..kuwe tah duwit apes oh DAR","Duwit apes?, bisane duwit apes KANG?","Ya duwit apes lah...wong konangan raimu.."
  23. WANYAD antri ning apotik nrosol bae maring mengarep...jarene wong-wong : "Hei mas rika sing bener bae aja sakepenake dewek oh nrosal-nrosol.. budayakan antri..jangan mengganggu ketertiban umum dong", jare WANYAD: "sing nganggu ketertiban umum kuwe sapa?! justru nyong kuwe njaga ketertiban umum.. rika2 ngarti belih nyong kiye lagi kening diare..dong nyong mencret ning kene sg repot sapa coba!?"
  24. WANYAD numpak bis sg losari.. njagonge ng iringane wg wadon sg lg nosoni bayine..jare wg wadone "giyan oh nok nenen gyeh..cepet nenen oh nok angger ora nenen mngko dinenen um kiye loh (kr nuding mrg wanyad)..nganti tegal bayine ora gelem nusu2..akhire WANYADE ngutik "MBA kwe temenan belih?","temenan apane MAS?","gyeh asline nyong wis mudun ng klampok tp brhubung nyong ngenteni omongane rika tekan TEGAL tak lakoni"
  25. WANYAD: "BAN, mene gyeh..", DALBAN: "ana apa NYAD","Nyong pan takon karo kowen..sing nglorod ulem-uleman kosong degawene nyong sapa?!","yagin NYAD nyong ora..","kening apa sih","nrokcok ka pas hari H-ne nyong nyunati tlembuk langganane nyong sa peleman pada teka kabeh.., untung si DARKONAH belih ngarti oh kuwe sapa, tak omong bae kuwe kanca dines"
  26. dalban: nyad jare kowen jamane suharto karo jaman saiki enak endi?", wanyad: "ya penak suharto mayan lah","sìh bisane?","kyeh ban tak kandani ya, jamane suharto kwe sg korupsi ya wöng2 kwe tok tp jaman saiki ketua RT be ngarti korupsi","ader?","lah kae masalah raskin"
  27. WANYAD: Dih Dar, kayong angel temen sih mlorodnane nganti rekasa nemen kaya kiye.. DARKONAH: "Lah rika bada-bada njaluk belih ngarti cawete nyong megin anyar.. megin mambu perna, dadine nglapet ngarti...karete be durung mulur-mulur acan.."Sore-sore wayahe udan... WANYAD: Dar, bada-bada ka hawa bisa kayong atis nemen yah, kye tah ari camilane pupu karo nginunge susu tah kayong beres nemen DAR...angete polll lah pokoke... DARKONAH: "iya yah KANG ya mengko oh tak angeti ndisit...WANYAD: dih ngartinan temen bojone nyong...suwe denteni akhire WANYAD memburi,... "his kowen lg apa DAR daning metaktak ning nduwure kompore..", "jarene eben anget KANG..."
  28. Ustadz DIRUN: "NYAD, kowen pengin rejekine akeh?","Ya pengin oh Tadz..","kowen pengin tak nein rahasiane?","pengin oh pa ustadz apa kuwe rahasiane..","rahasiane kowen dong bengi kudu gelem tangi, dong bengi kowen sokan tangi belih sih NYAD..","dih dong masalah tangi ya sokan nemen yah..","eh iya NYAD...dih dih dih terus sing tangi apane NYAD?","ya kuwe mau Pak Ustadz sing tangi tembe sing ning ngisore disit.."
  29. WANYAD ndelengna mobil Daihatsu GRAND MAX ari semaur ih ALPARD..ALPARD, jare DALBAN: mata nang melek oh NYAD..kuwe GRAND MAX..","dudu kuwe ALPARD ka..","GRAND MAX..","his kuwe ALPARD berhubung liwat maring Banten..kesantet dadi kaya kuwe.." brng weruh KIA Carnival DALBAN ari semaur "KIA Visto..KIA Visto","Carnival Ban.....","KIA Visto ka gara2 liwat sukabumi di urut mak erot dadi carnival.."
  30. WANYAD: "BAN,kowen dundang reuni ng warung satene kaji Burhan apa ora", DALBAN:"his jare ora sida wong warung satene tutup jarene megin bada..dadi sidane ning umahe lurah prapag-losari ngalor", "tutup apane wong miki nyong liwat be buka ka..akeh wong pada mangan..","His sg bener..eh dobol yah Kaji Burhan..apa wedi satene nggo rayahan?"-- kiye wis jam sewelas pimen dongen daning durung pd teka pan niat reuni apa ora--
  31. WANYAD: "BAN raimu bisa ngedit potone nyong BAN? DALBAN: "pan nggo apa sih NYAD?","Dobol wingi aku nembak bocah wadon ning inbox facebook ka ditolak mentah2 malah mbalese enak ora ning dindinge nyong..","toli kamsude piben NYAD?","ya kuwe mau tulunglah fotone nyong eben digawe alus ndes BAN..nyong pan nembak bocah wadon maning kyeh..TKW Hongkong.."
  32. WANYAD: "wis oh DAR, daning bada-bada njengkungkung bae kaya kuwe...jarene pan metu yu oh..", DARKONAH: "pan maring endi aku tah..kayong rika gableg duwit..","His kowen kuwe belih ngarti yah hakekate Idul Fitri kuwe sebenere apa..kuwe artine hari kemenangan DAR..menang karo sg arane hawa nafsu..mugane wis oh kowen aja ...jengkel..sing penting modal bae bensin sa liter toli mayeng2 karo nggawa klebet yuh.."
  33. WANYAD : "DAR kowen kepriben sih!, jegod masak apa ora dongen?!, nggawe kupat daning daginge bisa alot temen kaya kiye?! kiye batang apa bener ayam sih?!.., DARKONAH: "dih ya ayam bener yah..pangampurane maning lah KANG nyong belih sengaja sung...toli wis oh KANG aja jengkel kaya kuwe sakale miki wis salaman-salaman ya..","salaman sih salaman..tapi untu kyeh oglek loro.."
  34. WANYAD: "BAN kiye kira2 enakke mubeng maring endi ndisit yah nyadrane.." DALBAN "Ning Kaji Wastap bae ndisit oh Nyad..sesepuh","halah emohlah..","Kening apa sih NYAD..","pait leder kaya bratawali..","Sih maring endi?","mending ning Babah Liang Hin Bae..bar salaman olih ang pauw sa uwong limang ewunan.."
  35. DARKONAH: "KANG, sbg bojo nyong akeh dosane kr rika, nyong njaluk pangapurane yah KANG", WANYAD: "Semono uga nyong ya DAR, nyong slama kiye kr kowen ya akeh nemen dosane..aku ya njaluk pangapura ya DAR..","Iya KANG ya wis oh KANG matane ora usah nangis ky kuwe","nyong nangis dudu moni apa2,kowen ari salaman bar ngirisi... mengkreng nggo jangan KUPAT dongen tah wisuh disit oh DAR, dadine nyong ucek2 ora perih ky kiye"
  36. WANYAD "DAR kowen cepet nganggo helm karo rangsel toli cepet oh mbonceng nyong yuh..", DARKONAH : pan maring endi sih kang kayong ora ya ya ha?", WANYAD: "wis gen nyong pan mider2 ning gili gede...eben diarani rombongan wong mudik  enak nemen ka dikawal polisi ana apa..."
  37. WANYAD wayahe prepegan numpak motor nyruntul bae nerjang lampu merah prapatan subur...ujug2 prittt...dikejar polisi "eit eit eit mandeg disit..ciplose raimu ning endi sih...raimu ngarti belih kae ana lampu abang kudune nang mandeg oh..", WANYAD "iya pak nyong ya ngarti kae lampu abang kudu mandeg tapi yagin pak sung n...yong belih ngarti bapane ana ning kono..tak kira sih polisi-polisi ya lagi pada melu prepegan.."
  38. WANYAD : "DAR kowen niat nukokna clana badanan-ne nyong belih sih...kiye wis tak cacak kabeh daning sing ireng njenggol,..sing soklat ya jenggol...sing klawu juga njenggol, priben dongen kowen... ari ora niat ya wis oh....", DARKONAH : "Eh Kang dudu clanane sing salah....tapi onderdile rika kuwe sing wis mlorod alias kondor....pancen rika kuwe kudune didenggoni kantong trigu tembe logro.."
  39. WANYAD: "Dar mengko kowen sembayang riyayane pan ng endi ari nyong tah pan nang masjid bae melu ustadz Draup..", DARKONAH "ari nyong tah pan ning lapangan bae lah Kang, eben syiar..","ari jare nyong tah yah wong wadon kudune ya nurut wong lanang..masalahe wong lanang kuwe imam..","ya ora bisa oh kang..wong saiki wis jamane reformasi..deleng kaeh ikang pauzi kr marisa hakwe..sg siji parte biru sg siji parte abang.."
  40. WANYAD:  "DAR, kowen bada pan maring endi wis gari ngomong bae aja sungkan2,..PANTAI RANDUSANGA..PAI, PURWAHAMBA, GUCI, apa WADUK MALAHAYU? terserah kowen..", DARKONAH : "Halah Kang..Kang..duwit be gableg ora..iya ari wong2 ana THR..rika boro2 gayane pan ngejak plesir..","His tenang bae...miki Kaji War'an sg duwe materi...al tembe ngomong kr nyong.."NYAD kowen mbokan pan plesir kaeh trek wedi digawak ya kena.."
  41. DARKONAH : "KANG wis telat rong wulan kyeh, kepriben toli?!..", WANYAD: " Hah...apa DAR !!..kowen megin bisa meteng maning DAR?..Allhamdulillah...Ajib Ah....muga2 bae kiye anak wadon...tapi bukane kowen kiye wis peluh Dar alias monopouse..",DARKONAH: "Meteng maning..meteng maning...apane sing meteng...kyeh setoran motor..setoran telpon..setoran listrik pada telat kabeh..kepriben toli?!
  42. WANYAD ngerek perkutut ng ngarepe umahe..raine ndengak menduwur..tangane nyekeli tali..lg ngerek sarunge bolak-balik mlorod..akhire ndengak nyambi nggubed sarung..nganti sarunge manjat tekan nduwure wudel.. DARKONAH weruh "kang dih lah manuke kuwe kang","he he apik oh yah DAR warketekung..","dudu kwe kang manuke rika"," delat maning moni ka DAR tenang bae","kaeh wong2 pd ndelengna","ora papa DAR mbokan ana sg seneng"
  43. DARKONAH: "Kang ngko nyadran bada pertama ning Mane' karo Bapane nyong ndisit ya..", WANYAD: "ya ora oh Dar ning Bapane karo Mane' nyong ndisit lah", "rika kuwe senenge ngakahi yah..pancen rika kuwe luwih sayange kr wong tuwane rika dewek daripada wong tuwane nyong", "sabar ndisit DAR..dudu moni kaya kuwe..nyong kuwe justru luwih sayang karo mertuane kowen daripada mertuane nyong dewek.."
  44. ‎"DAR, nyong mbojo maning olih?","sikah pengin tak tugel kuwene, royal mandayan makani bojo siji be klaweran ky kwe ka wani2ne pan mbojo maning","aja emosi disit oh Dar..justru kwe Dar jarene ustad Dirun kae ari dedonga Ya Allah senggane rejekine nyong wis enteng tulung mudunna rejekine bojone nyong liwat tangane nyong, lah nyong ws ndonga ky kwe ora mudun2 mbokan ari nyong mbojo maning bs rejekine mudun Dar","sikah"
  45. WANYAD lg leha2 ng umahe nganggone sarung diobrag2 tanggane randa sg lubar nyunati anake.."Kang Wanyad..Kang Wanyad..njaluk tulunglah kaeh si trisno bar disunati daning njempling2 kelaranen ky kae..akhire dparani toli trisnone dipangku kr wanyad..pas mantrine teka ditiliki..wong dipangku kr wanyad sg dibuka sarunge wanyad..jare mantrine "pantes bae wong abuhe kaya kuwe..","hei pak mantri salah mbuka kwe dekene nyong"
  46. Bu Guru : "anak2 coba sebutkan nama pahlawan yg berjuangnya satu jaman..ya BUDI "teuku umar sm cut nyak din Bu..","iya betul..iya km WATI","sudirman sm gatot subroto bu..","iya betul..iya km TARWAD","diponegoro sm akhmad yani bu..","loh ya nggaklah.. diponegoro kan th 1800 klo A.Yani kan pahlawan revolusi..","loh wong nyong weruh... ka bu ketemune bareng nang prapatan lampu merah biaskop subur","lah kue tah arane dalan oh WAD.."
  47. merga saure pecakan terong wetenge WANYAD koslet alias mules berat,wis ora srantan mlayu ngiprit mring plowotane kali jobong sg modele ky helikopter dtutupi kandi,nongkrong kr kridongan sarung..tp WANYAD jrongatine eram bisane ngising ng duwure kali ka monine ora plang ora plung tp bs monine blag bleg blag bleg,brng ng...adeg ngisinge ws mari sarung kyong rasane abot mak ceos ng bokong,pantes bae jebule ngetombol kabeh
  48. DARKONAH merceka kr WANYAD "kang2x..wis budeglah! nyong isin kr tangga2 kaeh..wong maghrib2 ka kedombrangan karokean bae ky kuwe..ya ari nembange kepenak..wong suarane ngiwa ora ngalor ora ngidul ka","Sikah raimu ka senenge merceka ari ana wong lanang lg seneng..mugane gen kowen kuwe ngartine aja mung samroh kr kosidah...an tok..sepisan2 kudu ana peningkatan.. seneng kr lagu2 barat.. ky sg judule.. "PRAPATAN CELENG"
  49. TARWAD dikongkon tuku kangkung rong unting ng pasar digawani duwit 5000, balik2 ditakoni mane'ne.."WAD daning jujule mung 2000 kudune nang 3000 oh...wong sa unting regane sewu..","Dih Mane' belih percaya?..ari ora percaya mring pasar dewek mana gen","Aduh WAD WAD.. Mane' ora ridho ari kowen ngko gedene dadi PNS.","lah ...emange kning apa Ne'?","Nyong isin ngko kowen dikrangkeng..nyutat duwit anggaran"
  50. ‎"NYAD menurute kowen kuwe kepriben carane eben Korupsi ng Indonesia kuwe bisa berkurang yah..?","Ya menurute nyong tah..sing kudu2 diporselen ndisit kuwe kejaksaan karo kehakiman BAN..","Lah bisane?..","saiki angger jaksa karo hakime kuwe ora gelem disogok, toli wong2 sg korupsi kuwe bener2 hukumane dipolna nganti 20 t...ahun..sg liyane pan melu2 kan mrekitik BAN.."
  51. ana seminar pr maling lg didata: "koen ari nyolong modale apa?","linggis mas","oh..olihe akeh?","ya sacukupe nggo mangan","oh..kowen sekolane apa sih?","SD mas","oh ya pantes..angger sg SMP jarene modale rata2 clurit..sg SMA rata2 pestol..ujug2 "lah rika dasinan melu mene ahli nyolong juga?","iya mas nyong DRS","sih ari nyolong modale apa?","daning modale apa ya pulpen oh..sekali tanda tangan ereg2 glodag olih umah"
  52. Ana ibu-ibu ditakoni kancane "primen sih bu anake rika.. sakale awake gede.. toli jarene pinter rengking siji terus tapi bisane dijorog-jorogna karo bocah cilik ka meneng bae.. malah bisane kur ndowoh tok kaya kuwe..", jare mboke "lah rika ka urusan temen karo anake wong, wong anak ya anak2ke nyong dewek.. ya mbokan mb...esuk gede bisa dadi presiden sapa ngarti hayo.."
  53. Jare WANYAD maring DALBAN..."BAN..","Apa NYAD?","Bener juga yah....","Bener kepriben..?","Iya bener...wong milih pemimpin kuwe mending sing wong SIPIL tapi MILITERIS kaya BUNG KARNO kaeh.....daripada wong MILITER tapi SIPILIS....kaya......","Kaya sapa NYAD...?","ya kaya pemimpin sing ora wani mergenggeng karo MALINGSIA... oh..."
  54. WANYAD eram maring wong sing rambute cepak "MAS, rika nang ABRI oh ya..bisane miki sampeyan dipalak preman kae ka meneng bae thok..", "ABRI sih ABRI mas tapi nyong ora tau manggul senjata.. boro2 pan gelut mas...wong nyong nyambet gawene ning Koperasi-ne ABRI...pegaweyane ya mung ngetungi duwit sing pan nggo ABRI utang thok oh mas...."
  55. dasar WANYAD nrokcoke por, ndelengna DARKONAH lagi mreceli jengkol..nganggone rok ora katonan "Dar, daning jengkole kaya kuwe Dar?","ya arane jengkol nang kaya kiye oh Kang..","ora..daning kisut kaya kuwe ora mletek2 acan..","ya arane jengkol tuwa nang Kang..","oh ya bener...jengkol umuran seket sih yah dadine ky kuwe ...pait leder..","eh dadi rika ndelengna kiye Kang?, sing pait apane wong rika log-logan ka..mukir.."
  56. jare wanyad ari kanda masalah indonesia ibarate indonesia kuwe menungsa sing lemu gede duwur tapi lola lolo karo mlakune gendayar gendoyor..kolore diprorodna sing mburi karo bocah cilik gering aking sing arane malaysia mung meneng bae..bisane mung nganjatna kolore thok maning karo umbele polar-polor..iya belih ANG?..
  57. Darkonah mbonceng Wanyad,mbuh kning apa ujug2 Darkonah jengkel, gemboran njaluk duduna ng tengahe dalan"Wis Kang pokoke nyong mudun ng kene titik","ya ora kena ky kuwe oh Dar, ari nyong miki salah ya nyong njaluk pangapurane wis..toli ngko nyong ditangkep oh ari ngudunna kowen ng kene ","ora bisa pokoke nyong mudun ng kene..emange kning apa rika ditangkep?!","ya mbokan nyong ngko darani ngguwang runtah sembarangan oh"
  58. Dina pertama puasa WANYAD klalen..tangi turu jam 11 awan, weruh ana tempe pecak ng layah turahane lg sahur lngsung dibadog..4 tempe dijambal kr sambel..pas lg hu ha3x kepedesen WANYAD njukut banyu pan nggo tamba tp ujug2 DARKONAH wruh ngelingna.."KANG pimen sih rika puasa apa ora?!","Astaghfirulloh hal Adzim..iya ya DAR... kye wulan puasa..aduh nyong klalen..toli pimen kye nyong ws kadung pedes nemen ky kiye..hu ha 9x.."
  59. WANYAD saure kawanan, delat maning adan subuh..kedere pol..ari pan mangan ndisit ngko ora kober ngrokok..ari ngrokok ndisit ngko ora kober mangan..akhire loro-lorone dilakoni bareng..mangan disambi ngrokok..bare saplokan mangan langsung sasedotan..bare sasedotan langsung ngeplok sega..
  60. DALBAN bengi2 nekani umahe WANYAD ketemune DARKONAH "DAR, wanyade ana..?","langka..","lah lagi maring endi sih DAR?","lah kowen belih ngarti kiye wulan apa BAN?","wulan puasa kening apa sih DAR?","yah lagi nderes yah, wong saiki tambah kenteng nemen nderese..","Alhamdulillah..nderes Qur'an DAR?","dudu..nderes kartu nin...g pojoke pasar alias lagi mlirit..."
  61. Gawir tkg kridit marani umahe Darkonah "punten..","mangga..eh Wir,ana apa daning mene bae..nyong wis pudat belih?","ora..Kang Wanyade ana Yu?","tembe bae los ana apa?","ky kiye Yu,si Romlah randa sg kidule dampar wingi critane pesen panci pas ana Kg Wanyad ng kono jarene Kg Wanyad sg pan mberesi","e eh Wanyad dobol yah... bojone dewek kedekal-kedekil bagjane mbutik nggo nyaur kridit ka wani2ne mberesi utange randa."
  62. Wanyad dolan ng Jakarta mrg tanah abang critane ngayang sempak ng perna "Bang ini berapa harganya ?","jare sing dodol "noban" wanyad keder noban sih pira?eben ora kalah set ari belih ngarti kan isin..akhire ngomong "jangan noban lah bang blekotok prot aja" sg dagang kan keder "berapa tuh blekotok prot?" jare wanyade"lo... mau tau, skrg aku mau tanya dulu emang noban brp?", "20 rb ","bleketok prot itu separonya..boleh?"
  63. DALBAN takon karo WANYAD "NYAD nyong pan takon kr kowen, obate eben nyong kuwat nganti ora terangsang ndelengna wong wadon kuwe apa yah NYAD, apa maning wulan puasa kaya kiye, nyong wedi batal NYAD...","Kyeh BAN bar saur raimu nginung bae CTM limang iji, wis tak jamin sg esuk nganti sore..jajaha ana wong wadon pating t...lalang wuda ng ngarepe kowen,kowen ora bakal pengin2 acan..pokoken tak jamin matane kowen rapet"
  64. WANYAD ndelengna DARKONAH protes "DAR koen tak sawang2 kwe wadon apa dudu sih Dar?","ya wadon yah rika nang wis ngrasakna dewek oh, kning apa sih kang?","ari wadon daning tak sawang raimu ora tumon nganggo anting2 DAR","lah nyong sbg bojo sg apik nang kudu nuruti wong lanang belih?","lah sg ngongkon koen ora nganggo an...ting2 kwe sapa, ader nyong ngongkon?","lah rika belih krasa, rika belih jegod nokokna nyong anting2?
  65. WANYAD ngomong karo DALBAN "BAN..","apa NYAD?","kyeh BAN kowen ngarti ora sing arane SUWARGA kuwe jebule ana blumbange..","blumbang?, ah kowen jare sapa aku tah.. sih nggo pranti madahi apa NYAD?","dih kowen ora ngarti BAN..ya nggo pranti madahi bangsane KTP karo SIM oh..","sih bisane..","ya KTP karo SIM kan rata2 ISLA...M","lah menungsane NYAD","menungsane pada gatolan ning JAHANAM"
  66. WANYAD lagi ngrongokna ceramahe ustadz "kyeh sedulur2 mengko jamane menungsa pd dibangkitna sg alam barzakh tekane baris ng padang masyar..kondisine kuwe pada wuda bral kaya kewan..", jare wanyad kr ngacung "dih mengko nang pd deleng2ngan oh pak ustadz..asik nyong bisa weruh dekene CUT TARI sing asli","sikah!..ora kober NYAD menungsa pd sibuk nyangga urusane dewek2..nyangga panase serngenge sg duwure mung sekilan"
  67. WANYAD kr DALBAN lg ngobrol serius "NYAD nyong ka mrekitik his NYAD","sih kening apa BAN?", "kowen nang weruh oh brita2 ng tipi..gunung2 pd njeblug..gempa ng endi2..kutub utara es sg gedene ping limane jakarta pedot lan liya2ne..jare kowen kuwe kepriben NYAD?","kyeh BAN kuwe merga trompete malekat ISROFIL suwe ora deng...go2..kuwe critane lagi dicacak mbokan bebel.."
  68. kelase tarwad diwulang matematika rms pytagoras, gurune takon "BUDI, coba sebutkan rumus pytagoras!","C kwadrat=A kwadrat + B kwadrat atau C=AKAR dari A kwadrat + B kwadrat pak","wah mmg km anak pinter","saiki TARWAD, coba ukur tinggi bendera mnrt rumus pytagoras klo C=6 mtr dan B=4 mtr..jare TARWAD "duh pak pak, kayon...g angel2 temen brhubung bendera kuwe laka akare ya suka dirubuhna toli dukur nganggo meteran oh pak"
  69. wanyad melu2 demontrasi masalah malaysia..diadang2 polisi karo tentara..benderane malaysia diobong karo wanyad..ujug2 wanyad ditempong bokonge kr tentara..jebred.."aduh, (wudune nyong mecah!!) 3x, aduh semelet3x..bagreg kyeh.." wanyad njempling2 karo nyekeli bokonge.."pak rika wanine aja karo rakyate dewek tok oh..ari ...wani kr malaysia..bedil bae mung diserbeti..wanine kur nggo meden2ni rakyate dewek thok "
  70. Wanyad lg mlaku2 kr darkonah ujug2 ana wong mis, wanyad langsung mbuka dompet toli njukut duwit atusan perak. Jare darkonah "kang njitit temen sih.. Dongen tah pantese sewu apa pira..njaluke swarga ka neine satus..jare wanyad "kyeh dar, koen nang ngarti oh kiye wulan romadhon..angger sodaqoh ng wulan kiye kuwe ganjaran...e dilipatgandakan nganti 700 kali lipat, nyong kuwe pd bae nyumbang pitungpuluh ewu ngarti"
  71. Wanyad nmpak bis sg tegal pan mudun ng klampok, brg wis pan anjog..wanyad siap2 ngadeg ng pinggir lawang..kenete ws ngomong yg siap2 turun pake kaki kiri...ya kiri pir! Jleg, wanyad mencolot nganggo sikil tengen ..ngipat wanyad muter tiba njengkungkung..raine ngebrok ng tleponge kebo..klopot..kr ngadeg wanyad ngromyah ..."nrokcok kae bis, untung bae nyong blih nganti ngedek tlepong kiye"
  72. darkonah pareme melak-melok nganggone lek ton, rok mini karo sandale jinjit ngomong karo wanyad "kang yuh oh jare pan kondangan ning kawinane maang", wanyad kaget "dih lah apa2nan kowen dar, raimu pan ngronggeng kethek nang endi..","aja ky kuwe kang, wong ning kaca nyong bisa ky agnes monica ka?","agnes monica tah karu...an enom oh dar..lah raimu umure be nang ukurane kejar2an karo masjid agung sing ning alun2 oh.."
  73. DARKONAH jengkel karo WANYAD "KANG, kuwe rika matane ora beleken? macem ora oh..sedina-dina kerjane mung mentelengi fesbuk bae..ora esuk, ora awan, ora bengi..!","Heh Dar, kowen belih ngarti.. kye kanggone nyong salah sijine cara eben bisa gawe nyong awet muda..interaksi kr bocah2 nom..apa maning sg ayu2..daripada sedi...na-dina nyong gongkon ndelengna KOWEN bae nang bati nggawe UWAN-ne nyong tambah pating pralak oh.."
  74. WAKRUN trkenale tkg pukrul..ari ngomong ora gelem kalah..senenge muluk2..ari kanda bal-balan jarene WAKRUN tau pan diundang PSSI, ari kanda wadon jarene WAKRUN tau macari artis..dsb.Pas WAKRUN lg ndopok ng warunge YU KASNI, WANYAD weruh..ujug2 WANYAD njukut TOMPO toli dokon ng ngarepe WAKRUN..WAKRUNE takon "nggo apa NY...AD?","pan nggo madahi tleponge raimu KRUN,ari mbacot ka pd bae kr nlepong nlespak mrg endi2 ora"
  75. WANYAD tah senenge nggawe reg....., sembayang jumát ora iya ya ha...eben afdol critane ning mburine imam tapi HP-ne sing lagi desak klalen dipateni.....barang lagi pada takhyat akhir, HP-ne WANYAD ana sing ngebel.....nadane "ASSALAMUÁLAIKUM" mlebu spekere masjid.... ya dadine makmum sing ning mburi pada melu2 Assalamuálaikum....imame ngarti langsung ngadeg kr ndelengna memburi "eh bagreg kye WANYAD....kuwe miki syah..baleni! baleni! baleni!.......
  76. WANYAD karo DALBAN lagi mlaku2 nang daerah PONDOK INDAH....."BAN, umahka pada apik-apik nemen yah, BAN.., regane pira yah BAN?"..."Jarene 20 Milyaran YAD..", "Dih..dih..nyambet gawene apa yah BAN?","Ya.. ana sing dagang.., ana sing dadi artis.. ana sing dadi PNS..","....PNS Ban?...terus gajihe pira BAN bisa duwe umah nang kono?.. "Gajih tah piraha ora NYAD wong arane PNS tapi.....slentemane....."
  77. wanyad numpak motor ora nganggo helm dipeped motor patroli "mas..mas..minggir disit mas.." wanyade mung "he3x.." ora gelem mandeg "mas mandeg!","he3x.."..akhire diplagrang sreettt..."endi SIM kr STNK-ne","lah salahe nyong apa pak?","kowen ora nganggo helm!","pak nyong pan takon rika polisi anyar?","kening apa sih","mat...a nang melek oh pak kiye glikar alias gili krakal sing pan mrg sawah bulane tah nyong manjat aspal"
  78. .CAK BASMAN Karo WANYAD kanca lawas... ketemu ning terminal pan mlebu BIS ...jare CAK BASMAN "CAK WANYAD, AWAKMU disik mlebu nggonne bis yoh.. mari ngene aku nyusul..." JARENE WANYAD "Rika ari ngomong sing bener bae MAS BASMAN..awakke nyong gongkon mlebu ndisit terus NDASE nyong di dokon ning endi ?!..."
  79. WANYAD mring DOKTER.."PAK..DOKTER nyong njaluk tulung gawekna Surat Keterangan Sakitlah..","Pan nggo apa sih NYAD...kowen repan cuti?","..ora PAK DOKTER..nyong pan tak todokna maring Kyai MAANG wingi ngonangi nyong awan2 mangan OPOR...nyong dionek-onekna TUWA LATA BELIH JEGOD PUASA BABAR BLAS, ari ana Surat Keterangan S...akit sing RIKA kan dadi genah, nyong wedine cangkeme dlaweran mana2 PAK DOKTER.."
  80. akehe wong2 kuwe pada wedine karo sing arane kiamat, tapi ora pada wedi karo sing arane mati padahal mati kuwe sing jarake luwih perek..lan secara hakekat mati karo kiamat kuwe pada bae..pada bae huru-harane..pada bae mrekitike..renungkanlah..
  81. WANYAD protes ora diterima mlebu Angkatan Darat.."Pak, nyong protes kyeh..bisane nyong sg sikile normal dawane pada bae ka ora ditrima, lah ka wong kae sing sikile dawa siji, pentag mlakune bisa diterima..kiye mestine ana sogok menyogok kyeh.." jare panitiane "Mas sampeyan aja jengkel, kye memang sg ditrima khusus sing... pentag2..masalahe kye khusus nggo nyerbu Malaysia sing medane pating bergejal-bergejul.."
  82. DARKONAH ditakoni kancane sing arane TASRIPAH "DAR DAR","apa PAH?","kowen bisane kayong demen nemen sih karo sing arane KANG WANYAD, padahal raine kan kaya kethek...dongene apa sih sg disenengi DAR, apa kuwene gede nemen?.."gede tah ora PAH tapi dong wis ning njero rasane bisa nulis kaya pulpen..."
  83. TARWAD sekolane kawak x 4, ditakoni gurune "WAD, yg menemukan benua Amerika itu siapa?","waduh nyong belih ngarti Bu","Pokoke koen kudu ngarti..hayo jawab!"sakin wedine TARWAD mlayu balik..ng umah ditakoni Bapane "Koen nangis kening apa WAD?","gurune galak pa..takon sg nemokna benua amerika kwe sapa wong nyong blih ...ngarti di paksa", jare bapane "wis gen WAD kowen ngaku bae..dadine ora kawak nganti x 4 ky kuwe oh"
  84. wanyad digawak mrg kantor polisi dinterogerasi "wanyad apa bener kowen kancane dakrim?","bener pak","kyeh dakrim terindikasi membunuh pacare..nggo kesaksian barang bukti, apa bener kyeh surat tulisan tangane dakrim sing nggletak ning iringane mayid?","endi pak","kyeh surate..","aduh pak nyong ya belih ngarti yah kuwe t...ulisane dakrim apa dudu wong sajege dadi kanca nyong ari surat-suratan kr dakrim nganggone SMS"
  85. Wanyad wuda klontangan ng dalan, dicekel polisi di leboknana ng mobil patroli..ng mobil dtakoni polisi"Kowen arane sapa?","Wanyad Pak","kwen bisane ngganggu ktertiban umum wuda gedabelan ng dalan, kowen edan?","waras ka Pak","bisane nglakoni ky kuwe?","nyong kye dlam rangka pengin klakon sih pak?","maksude?","iya nyong... awit cilik mula pengin numpak sg arane mobile polisi, lah gara2 nyong wuda ky kiye kan dadi klakon"
  86. Darkonah nggejug maring wanyad "kang, sampeyan ka saiki sejen nemen sih maring nyong..ora kaya gemiyen jamane penganten anyar..apa2 digandeng apa2 digandeng..saiki ka ari mlaku amak2 mesti nyong ditinggal..sampeyan ora wedi nyong digandeng wong liya?..", jare wanyade "halah dar dar sing pan nggandeng kowen kuwe sapa..r...aimu digletakna ning prapatan bae nang langka wong sing bakal nglirik acan-acan.."
  87. tarwad nyolong kecekel satpam..ng pos satpam diintrogerasi.."kowen cilik2 ws nyolong kowen sekola apa ora?","ya sekola lah pa","ari sekola tak takoni pancasila ana pira?","ana 2 pak","goblog "jebred2 dikepreti..bar kwe duculna..lupit sg weruh takon "kwen mau dapakna satpam wad?","ditakoni pancasila ana pira,tak jawab a...na 2","goblog donge 5 oh","pibe wong tak jawab 2 be aku dikepreti apamaning 5 nang nyong digorok oh"
  88. ana wong cengap2 pan mati wis dubengi anak-anake, ujug2 takon mrg anake "nok, kayong mambu masakan..mane kowen lagi masak? masak pan nggo apa..","iya pa mane lagi masak ngko tak takon"..barang wis takon balik maning mrg bapane sg lg cengap2.."pa..","iya nok..mane kowen ora mene malah masak pan nggo apa..","miki tah jare mane pan nggo persiapan wong tahlilan ngko bengi pa.." krungu ky kuwe bapane langsung nggletak..
  89. tarwad dikongkon bapane ngedolna ayam ng pasar.."kyeh wad pokoke regane kudu 30 ewu ya, angger ora semono ya aja gelem","beres pa.." anjog ng pasar ana sg ngayang "tong ayame regane pira?","30 ewu pak", "15 ewu bae oh","ora olih oh pak","ya wis 20 ewu","ya drg olih pak"ya wis tambahi dadi 25 ya","tetep durung olih pak".,"ari 35 ewu kepriben?","pak nyong kan wis ngomong sekali 30 ya tetep 30 ora bisa danyang maning.."
  90. wanyad kr dalban lg mlaku2 ng kandang sapi.. "Ban..","Apa Nyad?","Nyong ka eram kr banteng alias sapi lanang","Lah sih kening apa?","ora ya2 ha ka..jarene tah kuwat lambang keperkasaan, toli ya nggo lambang parte ana apa tp jebule ora bisa nglindungi sg wadone..ora duwe rasa cemburu babar blas","lah bisane","lah kae ko...wen nang weruh oh susune sapi wadon di remed2 kr wong lanang, diperes2 tp sapi lanange meneng bae"
  91. wanyad maring kantor SAMSAT pan ngurus leter mobile sing anyar.. maring petugase takon "pak nyong pan takon, angger tuku nomer khusus bisa?","bisa..","toli pira pak?","limang juta..","dih dih dih larang temen pak...paling2 nomer kaya kuwe thok be ka..","pan nomer sing kepriben sih mas?","nomere kiye Pak BH 151 TT..","l...ah ari kuwe tah sepuluh juta.."
  92. Husni Bupati Brebes Gemuyu wanyad cangkeme besem ditakoni dalban "kowen cangkeme kening apa nyad daning meleng getih kaya kuwe?","nyong tas dikampleng polisi ka ban","dih kowen nyolong?","ora.. nyong miki tas ditilang, barang ning pos nyong takon karo polisine pak rika sg nemokna origami?","lah bisane?","lah kuwe sih puluhan karo eketan ewu dite...kuk2 ana sg dadi manuk2-kan, ana sg dadi kapal2-lan..lah ujug2 ka aku dikampleng..prottt"
  93. wanyad cangkeme besem ditakoni dalban "kowen cangkeme kening apa nyad daning meleng getih kaya kuwe?","nyong tas dikampleng polisi ka ban","dih kowen nyolong?","ora.. nyong miki tas ditilang, barang ning pos nyong takon karo polisine pak rika sg nemokna origami?","lah bisane?","lah kuwe sih puluhan karo eketan ewu dite...kuk2 ana sg dadi manuk2-kan, ana sg dadi kapal2-lan..lah ujug2 ka aku dikampleng..prottt"
  94. ana penelitian mahasiswa amerika ttg islam pertama maring mesir : apa itu islam? "islam adalah damai", trs mrg saudi.."apa itu islam?" ,"islam adalah rohmatan lil alamin"..terus maring iran apa itu islam..? "islam adalah syiah..", terus terakhir mrg indonesia apa itu islam?.."islam adalah imtihan, rajaban, muludan, kha...ul, tahlil dsb..
  95. Husni Bupati Brebes Gemuyu dalban ngandani wanyad "kweh nyad krungu oh ya ustade ngomong.. akehe menungsa puasa kuwe olihe mung ngelih karo ngorong thok.. makane kowen kuwe ari wulan puasa matane aja pendirangan bae ndelengna wadonan..kowen puasane ora olih ganjaran ngarti..olihe mung lemes thok.." jarene wanyad "ya mending oh ban olihe mung lem...es..daripada ora olih apa-apa..", "syikah..."
  96. darkonah ngadeg ning ngarepe kaca lemarine karo takon maring wanyad "primen kang nyong ari nganggo kutang kiye sexi belih kang?..", jarene wanyad "halah dar..dar..wong barang lepes kaya kuwe be ka diwadahi ana apa..","eh kang, rika ka ari ngomong belih tau nyenengna wong wadon yah...deleng dewek oh rika...barange rika ...mung sekicel semono be dibrongsong sempak ana apa ka..."
  97. sampai saat ini aku adalah sketsa tanpa bentuk, ketika aku diombang-ambingkan oleh angin lalu pudar menjadi seonggok sampah.. sampai saat ini aku adalah bangkai yang berjalan, ketika aku mati suri yang tak pernah bangkit dan terurai oleh bakteri.. sampai saat ini aku hidup bagai konser liar tak ber-conductor menyanyikan simpony irama perjalanan yang tak berharmoni..
  98. Wanyad sikile dengklang ditakoni Dalban"sikile kening apa Nyad, daning dengklang?","Nyong tas gelut kr Sarkowi preman pasar","kowen menang?","eh kandakna kae ngantem ngiwa nyong ngeles nengen, kae ngantem nengen nyong ngeles ngiwa..kae nendang nyong indah oh","lah bisane sikile kowen dengklang?","ya kwe mau untunge nyo...ng diguyang bayu kr Darkonah gara2 grijagan ng ranjang..ari ora remek oh sikile nyong nendangi wesi"
  99. Tarwad numpak bis pan maring Jakarta, ditakoni penumpang sg ning iringane "Jakarta ne endi mas?","Jakarta apa bae mas..sg penting Jakarta..","Lah bisane laka tujuan..pan luruh gaweyan?","iya..bosen nyonggol terus..","emange ijasane apa?","SD mas..","terus pan nyambet gawe apa ng jakarta, nyonggol juga?","ya ora oh mas.....wong nyong tembe bae olih sertipikat","sertipikat apa mas?","Juara siji Lomba Karaoke Agustusan.."
  100. Wanyad gugup ora eling mring mantrine kr nyekeli kuping loro2ne sg mlodok..jare mantrine "kening apa kupinge kwe nyad?","kye pak mantri critane nyong lg ngelus klambi, gosokane tak sendehna..lah ujug2 ana telpon moni kringg..nyong kaget reflek belih? gosokan tak angkat ya mak ceos oh","oh..lah sijine sih kening apa?","...ya kwe nrokcoke maning bar gosokane tak soloh, telpon kwe ujug2 moni maning..ya mak ceos maning oh"
  101. Darkonah mrg pasar, blanja pan nggo buka..pan nggawe sop ceker.."mas cekere sekilone pira", "telung ewu bae oh bu","dih, larang temen wis rong ewu bae nyong njaluk telung kilo ya"..bar dilayani..siji2 cekere didelengi karo darkonah.."mas daning kiye kiwa tengen kiwa tengen mas..nyong emoh sg kiwa lah..","ceker nang ky ...kuwe oh bu..kening apa sih?..","angger sg kiwa nang lubare nggo cewok oh mas nyong jijilah.."
  102. Wanyad melu kuliah subuh,..ujug2 wanyad ngacung takon "assalamu'alaikum tad nuwun sewulah melu takon kye tad..","pan takon apa nyad?","apa bener setan kuwe dong wulan puasa pd dibanda?","iya bener ana khadist-se kuwe nyad..","lah bisane lg bengi si darkonah bisa ky wong kesurupan tad, bar ngudal2 dompete nyong?","lah s...ih bisane?","ya kuwe mau tad ng kono ana potone si maryam sg tak selagna ning njerone dompet"
  103. Husni Bupati Brebes Gemuyu darkonah lagi dugal dipereki wanyad.."wis mana gen kang lah, aja merek-merek, cangkeme mambune belih enak..", jarene wanyad "eh dar, ning sajerone wulan romadhon kuwe ora olih dugal..wong cangkeme wong sing puasa kuwe bagekan kasturi..ngarti ora kowen dar?" jare darkonahe "iya motene ari rika puasa..wong puasa be ora ka..", "emm..dasar cocote ala kowen dar..mbuka rahasiane wong bae.."
  104. Wanyad numpak motor mandeg ning lampu merah..barang lampune kuning, ora siap2 jalan..pas lampune ijo ya megin meneng bae ora jalan2...akhire diparani polisi..."Mas, sampeyan turu yah?!...kae lampune wis ijo daning ora jalan2..", jarene Wanyad..."Alah Pak Pak..sampeyan belih ngarti, nyong kiye lagi protes...masalahe ora... abang, ora kuning, ora ijo pada bae kabeh...babar blas langka sing bisa nyenengna rakyat..."
  105. Wanyad sore-sore lagi mentelengi koran...darkonah sing ndelengna merceka "dih enak yah dari koran sedina-dinane ora esuk ora sore dipandeng-pandengi bae terus..", jarene wanyad ari semaur karo mentelengi koran "pancen iya nang.. enak nemen his senggane bojo kuwe bisa kaya koran sedina-dinane bisa gonta-ganti..."
  106. ng njerone lift wanyad, darkonah, karo wong wadon telu ayu2..darkonah gemremet matane wanyad pendirangan bae..ujug2 wanyad ditempiling kr wg wadon sg ayu kwe "plakkk","aduh..", "eh jangan kurang ajar yah ngremas pantat orang sembarangan"..begitu lawange lift mbuka darkonah larag2 metu..wanyad ngejar2 "Dar, bener Dar..sung Dar! dudu nyong sg ngremed bokong Dar..","iya pancen dudu rika.. sg ngremed kuwe nyong ngarti!"
  107. bare dioperasi plastik darkonah megin drung makseg yen matane drung mencilak, akhire ngomong kr doktere "dok, tulunglah ben matane nyong bs rada njembet maning, radan mencilak tulung dibenerna maning oh dok", jare doktere "oh kaya kuwe..ya sedelat maning ya..Suster! sini tulung ambilin kwitansinya..", sustere teka ngga...wa kwitansi..15 juta..darkonah sg weruh njagonge langsung mumbul kr matane mencilak ky barongan..
  108. ‘JARENE WANYAD : Neraca pembayaran kita dg malaysia mmg benar2 minus berat..tekor habis..kita ekspor sipadan & ligitan, reog ponorogo, batik, lagu rasa sayange & terang bulan serta masih banyak lagi lainnya yg dirampok..sementara mereka kasih ke kita adalah almarhum Dr. Ashari dan almarhum Noerdin M. Top..mmg sebaiknya lagu kebangsaan... Malaysia "Negaraku" yg ternyta jiplakan lagu "Terang Bulan" tukar saja dg lagu "Kucing Garong"
  109. Wanyad takon maring darkonah "Dar, ari nyong mati ndisit kowen bakal pan kawinan maning belih Dar?, "dih ya ora oh kang.. pijara temen..melas rikane oh..paling2 nyong pan urip karo adine nyong sing wadon..lah ari nyong sg mati ndisit sih kepriben kang rika pan kawinan maning belih?","ari nyong Dar..ya ora yah..persis pada bae karo kowen Dar..nyong paling2 pan urip karo adine kowen sg wadon"
  110. bengi2 lg turu enak2 darkonah watuk..uhuk 10x..wanyad sg krungu tangi lngsung njukutna banyu..jare darkonah "dih, kang smpeyan ka dadi wong apik nemen yah..pancen laka2 ah..smpeyan bisa mlebu swarga kang", jare wanyade "justru kwe Dar nyong mau krungu ustad ngomong ng cramah traweh, jarene tlembuk sg kaya kae be bisa mlebu swarga, gara2ne mung nginungi asu sg lg ngorong, apa maning nyong sg nginungi kowen, wis turu!"
  111. PESENE WANYAD: Kanggone wong-wong sing duwe penyakit ora bisa turu alias insomnia, jebule obate kuwe gampang..kyeh obate mlebu bae maring gedung DPR njagong ning kono tak jamin langsung bisa ngleker karo ngiler..
  112. wanyad balik nonton biaskop ning twenty one ditakoni dalban, "nyad kowen bar nontnon?","iya kening apa sih?", "extra sg nggo minggu ngarep pileme rame belih nyad?","ih rame nemen sung pilm barat, wis pokoke tembak-tembakan karo tinggil-tinggilan tok","judule apa nyad?","yen ora salah mau judule COMING SOON"
  113. Ana maling manjat gendenge umahe wong, barang dibuka ng ngisor ana bcah lanang kr bcah wadon lg "eng ing eng..", sdurunge beraksi ndelengna pmandangan kwe ndisit,nganti bubar,sawise bubar malinge krungu bcah wadone ngomong "mas,pibe kiye ari ngko meteng?"jare bcah lanange "tenang aja, kuwe tah apa jarene sg nduwur" malinge krungu giri2 mudun"eeh dobol yah, sg kepenak dewek, nyong sg dikongkon nanggung, gak bisa dong"
  114. weruh takon, "kang, banne kempes?","ora..","sih mesine mati?","ya ora..","sih kening apa?","kyeh, mene gen tak kandani ya...jawane tah wong arane bar panen..","terus?","ya kuwe mau...nyong pan kridit motor, mangkane nyong kiye ...blajaran nuntun disit..."
  115. Wanyad mendem ng tokone Kang Gono, ujug2 nelpon polsek "Pak, lapor pak, tokone Kang Gono dodol-odol kyeh Pak" krungu laporan ky kwe let 1/2 jam pulisine teka boncengan wong loro,jare pulisi-ne "jam pira mau kemalingane, apa bae sg ilang?" jare Wanyad "langka sg ilang ka Pak","Lah sg bener bae aja guyonan mau sg laporan... dodol-odol sapa!","nyong pak, lah bapane nang weruh oh ana bangsane pepsodent, close up & sebagene"
  116. Wanyad lg dagang enak2 ning terminal dikroyok supir, kondektur karo penumpang.. Betem kabeh..akhire laporan mrg pos polisi, "pak nyong pan lapor kyeh,..nrokcok ka..nyong lagi dagang enak2 ora idep ora weruh dikroyok wong sa pirang2.. ya supir, ya kenet, ya penumpang..","Lah bisane?.."Embuh pak wong nyong ora krasa salah ora apa ka..", "lah emange kowen kuwe dagangane apa?","dagange mung anda tok ka pak, tak panggul ning njerone bis.."
  117. Wanyad gugup maring apotik , tekan kana takon kr sg njaga, "mas tulung obat cegukan kuwe apa?", ujug2 sing njaga apotik ngepret pipine Wanyad..ceplakk..jare wanyade "lah mas kening apa daning rika ngepret nyong?!", "lah kuwe obat ceguken,..saiki wis ora ceguken maning oh ya??.."," ya pancen ora mas...wong sing ceguken kuwe bojone nyong si DARKONAH ...kuwe dudu nyong.. tapi bojone nyong si Darkonah..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar