Jumat, 17 Desember 2010

1. WANYAD: "Kowen daning tawu luruh iwak ning kono WAD ora sekolah?",
TARWAD: "Ora.. lagi sungkan ka WA.. sekolah tah mumet..",
WANYAD: "His ora kena kaya kuwe oh WAD.. gyeh deleng nyong ora duwe ijasah uripe kaya angin mobat-mabit..",
TARWAD : "Kuwe tah rika oh WA.. gyeh WA tak kandani urip kuwe sg penting bisa luruh duwit sg halal.. duwe... ijasah duwur2 angger nyambet gawene maling kr korupsi ya percuma oh WA.. suka tawu kaya kiye.."

2. WANYAD : "DAR, nyilikna weteng nganggone apa sih yah?",
DARKONAH : "kening apa sih KANG, endah kaya kuwe bae ka..mentakan dong kempes akeh bocah wadon pd naksir..",
WANYAD: "dudu ky kuwe DAR nyong dong nglagani kowen toli posisi ng ngisor kayong megap2 ora bisa ambekan keganjel weteng..",
DARKONAH: "sih pan dibentingi bae KANG?",
WANYAD: "Ora lah nyong isin kr DALBAN... engko dipoyoki ndarani tas babaran.."

‎3. DARKONAH : "Dih KANG daning ning kaca pipine nyong bisa katon gerong kaya kiye KANG laka muntuk-muntuke acan.. kurang sexi KANG.. enyong pengin eben radan gembil setitik kuwe keprimen yah KANG?",
WANYAD: "Kowen pipine pengin katon radan gembil DAR?",
DARKONAH: "Iya kepimen sih KANG..",
WANYAD: "Gyeh tak warahi ya.. ngaca bae ning lampu petromax tak jamin be...lih mung pipi tok sing gembil sa batuk-batuke katon gembil.."

4.     DARKONAH: "KANG gyeh wis tak tatakna kabeh ana kopi kr pisang goreng..ari pan adus kaeh banyu anget",
WANYAD : "Dih DAR nyong blih nyangka kowen dadi wong wadon bisa mbekti nemen kr wong lanang",
DARKONAH : "makane KANG rika dadi wong lanang kwe mandeng nyong aja scr PARSIAL bae sg wudel tekan mengisor tok..tp kudu secara KOMPREHENSIF..ari ngomong aja SARKASME bae dadine nyong kan SINDROM",
WANYAD: "kowen lagi ngomong apa sih DAR daning bisa kaya kuwe lagi kanjingan SETAN INGGRIS apa yah?"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar