Senin, 12 September 2011

Wanyad maning 2

5. WEDI
WANYAD: "Dasar bocah nrokcok.. ",
DALBAN; "Sapa NYAD?!",
WANYAD; "Embuh.. miki nang elef bocah nangis bae.. nganti mbokene kewalahan... enyong ya melas yah.. tak cep3x.. mbokan sihmeneng.. eh malah nangise tambahkenceng karo raine ditutupi.. jarene mudun3x! wedi5x! kr nuding2 raine nyong.. lah ka mbokene ngomonge.. mas rika ngalahi mudun ya kena oh.. sing mau ora papa ka.. barang rika manjat daning bisa kejer kaya kiye.."
6. PRIKSA
WANYAD: "Antri nang Puskesmas miki BAN enyong dugal maring doktere..",
DALBAN; "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD: "Teka awit jam 9 nganti jam 11 ora dilayan-layani.. enyongbolak-balik maring WC be nganti pan ping pitu durung mampet2.. barang mlebu nang doktere takone enak ora jarene apakah anda ada kesulitan? ya tak jawaboh.. aduhhhh..ini bukan kesulitan lagi Dok.. ini sudah kesilitan se silit-silitnya.. gyeh saprene durungmampet-mampet.."
7. ADOL SAKA
DALBAN: "NYAD bisane umahe kowen sing sisi kiwa radan meyeg..kuwe sing duwe kontrakan nang mengko dugal oh..",
WANYAD: "Halah piben maning BAN...BAN... wong enyong ora duwe duwit nemen.. nggo nempur be laka.. ya wislah kala-kalaen.. ana saka ya saka lah tak roncodi toli tak dol ning Kaji War'an sing dagang kusen.."
8. KRAKET
WANYAD: "Sedina wingi si DARKONAHora bisa mangap BAN..",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD?",
WANYAD; "Wong goblogka tak takoni nang apa.. tangane nggosok2 kaya wong sikatan.. toli tak takoni maning sikatan maksude?!..deweke mantuk2.. karonodokna LIM CASTOL.. goblog belih wong CASTOL dipadakna ODOL... abong2 nge sedina-dina sikatane anggo remukan bata.."
9. MBLESEK
DALBAN: "Jarene DARKONAH kiye lagi dirawat nang rumah sakit NYAD?",
WANYAD; "Iya..!!",
DALBAN: "Nang apa sih NYAD",
WANYAD; "Ya wong salahe dewek.. wingi critane tas tuku rakete lemud.. nggorohi enyong.. jarene KANG cekel gen kawate rasane kepenak ka.. tak cekel belih..barang tak cekel ujug2 ka sregot.. nyetrum BOL.. nyong njimprak kaget oh.. DARKONAH langsung tak jotos raine.. jebred.. nganti cungure mblesek.. kiye lagi dijait.. dijejegna maning.."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar