Senin, 12 September 2011

Wanyad maning

1. RANDA RUJAK
WANYAD: "DAR tulung jukutna BALSEM ndes weteng kayong sg mau bisa semelet nemen",
DARKONAH: "Makane KANG dong nyambet gawe kuwe aja mbanar..duwit saperak2 diumpul2na.. aja nggo nglondok ngwarunge SUINAH bae..rika belih ngarti rujake ng kono kuwe belih bersih.. abong2e randa ditongkrongi bae..tekan umahlah kaper2 duwit disudat nggo nglondok tok",
WANYAD: "Eh dasar cocot dobol..paling2 gongkon njukut balsem be anjog2ge mrg SUINAH..syu gyeh!"
2. L P
WANYAD: "Wis lah Sus..Sus.. gaeh delengna gaeh.. wong2 sing endi2 ora .. sing plosok2 be pada teka.. gemrudug pada seneng dolan nang alun-alun.. ana sing mblengong, ana sing mangsit, ana sing moci.. Lah bisane kowen sedih..?",
SUSYE : "Syikah! aku maring alun2 soten niliki bapane enyong oh NYAD.. nang LP.. nrokcok gyeh.."
3. TILIK KANCA
DALBAN: "Daning wuda klambi karo nyeker kaya kuwe NYAD?",
WANYAD: "Nrokcoka polisi..',
DALBAN: "Nang apa sih?",
WANYAD: "Miki enyong pan tilik kancane enyong si Rustam nang POLSEK kenang pasal perjudian..pertama sih dijaluki KTP enyong ana..kepindone njaluk duwit rokok..lah enyong kan ora gableg duwit saperak-perak acan..ya terpaksa sandal selop karo kaos oblong tak dekena oh.."
4. PUASA
DARKONAH: "KANG delat maning wulan puasa..rika pan puasa belih?!",
WANYAD: "Syikah ya puasa nemen yah.. arane be wong islam nang kudu puasa oh..pime donge",
DARKONAH: "Rika ngarti ora dong wulan puasa kuwe awan2 ora olih jaran-jaranan.. mugane mengko rika aja ruwed ya..njaluk awan2",
WANYAD: "Tenang DAR dijamin ora syung..njaluke bengi bae",
DARKONAH: "bengi ya ora nyong pan traweh",
WANYAD: "sih gongkon nunggu bar bada DAR..nang bisa dadi watu oh..metune bisa moni glodag 2 oh.."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar